Prabu Puntadewa

Prabu
Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani
setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata
Getihe putih. Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan
ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk
mesthi diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi
dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa
dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane
Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa
tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, Amarga saking banget
ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu
Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.
Prabu
Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku asmane Raden Pancawala.
Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Nakibrata.
Prabu
Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan seneng perang. Nalika perang gedhe
Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati tanding karo Prabu Salya
saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang unggul.
Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Pusakane
Prabu Puntadewa wujud kitab/buku.Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga
pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan paying, jenenge tumbak
Karawilang lan paying Tunggulnaga.
No comments:
Post a Comment